ORCHID Blog

June 6, 2008

Humor Suroboyoan Jilid Siji

Filed under: Uncategorized — Tags: , — krisna @ 9:23 PM

Cerito Khayal: Salesman
Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko nhik omahku.
Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku
mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.
Jarene ngene ”Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak
isok nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku.”
Jare ewangku ”Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?”.
”Lho opoko masalae ?” salesmane takok.
”Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati …”

Cerito Khayal: Rasa Stroberi tah
Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.
Sing pertama maju anake pedagang bunga.
Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek, ”Isine kembang yo….”.
”Seratus buat bu guru..” jare anake pedagang bunga.
Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang.
Ambek bu gurune kadone dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke,
pikire.
”Isine permen yo…”.
”Pinter bu guru..” jare anake wong dhodhol mracang.
Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat,
dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.
”Es krime rasa anggur yo…” jare bu gurune kemeruh.
”Salah…” jare areke.
”Rasa stroberi tah…?” bu gurune kemeruh maneh.
”Salah ..” jare areke.
”Wis aku nyerah, rasa opo sih iku” takok bu gurune.
”Isinya anak anjing kok bu guru…”

Cerito Khayal: Ngentutan
Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
”Opoko sampeyan ning ?” Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, ”Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan.
Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku
gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha
iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut.
Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek
gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok
ngentutan ”.
”Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko
rene maneh” jare doktere.
Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
”Wis enakan tah ?” takok doktere.
”Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki
kokambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi
untunge entutku sik tetep gak muni”, jare yuk Jah.
”Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep
ikiyo” jare doktere.
”Obat opo maneh iku pak dokter ?” takok yuk Jah.
”Obat kopok..”

April 15, 2008

Humor Bahasa Jawa

Filed under: Uncategorized — Tags: , — krisna @ 9:33 PM
Tuesday, 15 April 2008, Ngutip Dari Milis UC[Kayaknya Ngutip lagi dari koran Surya]

Masterpiece Kendhi Gulu Bebek

Cak Sur sing tas lulus sekolah seni jurusan nggawe kendhi, pameran.
Kendhi sak pirang-pirang dipamerno. “Gak sembarang kendhi, iki ngono
masterpiece, sing paling hebat, kendhi seni,” jare Cak Sur pas mbukak
pameran nang Balai Pemuda.
Sing jenenge kendhi seni iku tibakno bentuke koyok gulune bebek,
mlungker-mlungker. Sing liyane malah onok sing mleyot koyok apem diincak
kudha nil. Tapi sampek telung ndino gak onok sing tuku kendhi gulu bebek.

Mau sore onok pengunjung loro. Jenenge Pendik ambek Pi’i. Arek loro
thingak-thinguk. Cak Sur langsung nyidhek. “Iku ngono seni
adiluhung.”
“Lek tuku satus kendhi regane piro? Ojok larang-larang, aku tuku akeh,”
jare Pendik.
Cak Sur sueneng onok sing ngajeni karya senine koyok kolektor jenenge
Pendik iku. Kendhi entek. Pameran langsung ditutup. Bengine Cak Sur mara
nang omahe Pendik. Arek iku pengin weruh koyok opo kolektor seni iku
majang kendhi sak mono akehe. Tapi Cak Sur gak isok parkir nang ngarep
omahe Pendik. Onok arek-arek nggerumbul. “Wah, ojok-ojok wong-wong iku
kagum ambek karyaku,” batine Cak Sur ambek nyidhek.

“Ayo… sopo maneh, rek! Lek isok mecahno kendhi gulu bebek sing paling
adoh entuk panci. Lek sing pecah kendhi sing nang tengah entuk
nyunyuk kompor. Lek sing paling idhek entuk permen cecak!” Pendik
ambek Pi’i bengok-bengok.
Wong-wong tuku bal tenis sing digawe nyawat kendhi. Dhuak… praaak! Kendhi
tengah pecah, entuk nyunyuk kompor. Pruak… kendhi gulu bebek sing jare Cak
Sur masterpiece pecah. Arek iku entuk panci gak kathik tutup.

Cak Sur tuku bal tenis loro. Sitok dipasno bathuke Pendik, sitok dipasno
pipine Pi’i.

February 5, 2008

Sin Tjoen Kiong Hie

Filed under: Uncategorized — Tags: , , , — krisna @ 9:03 AM

Woeat jang merajaken!,

Oewe ada oetjapken “Sin Tjoen Kiong Hie”.
oewe mintaken maap, wawasanja oewe tida oetjapken
atawa pake itoe istilah Gong Xie Fat Tjoi!

oewe tida tahoe apakah kita orang menggoenaken itoe hari ketjepit nasional
atawa tida. kalo ada, werarti kita mempoenjai liwoer pandjang atawa dalem
wahasa laen ada disewoet long week-end (long itoe naga, naga itoe
pandjang. ooh maap keliloe ja?, itoe Long ja, woekan liong?
maap, oewe ada sikit kesalahan)

sila wisa menonton wewerapa filem, jang oewe ada tawarken oentoek liwoeran
ini (kata olang ai ti, lihat atasemen). oewe paling soeka sama filem
terakhir, kerena itoe ada tjotjok dengen moesim hoedjan seperti sekarang.
romantis olang wilang, haiyaaaaa….

wanjak tawik,
Oewe


(more…)

Powered by WordPress